PIDATO
PERPISAHAN
KELAS IX
(WAKIL KELAS IX)
A. Nuwun, wilujeng siyang
kagem sedayanipun… Mugi kasugengan,katentreman,karaharjan tumanduk dhateng kula
tuwin panjenengan sedaya.
B.
Panjenenganipun Bapak Pangarsa Pawiyatan Menengah Pertama Negeri
47 Semarang. Katur dhumateng Bapak
Pangarsa Komite Pawiyatan Menengah Pertama Negeri 47 Semarang.
Pakurmatan ugi
katur Bapa tuwin Ibu Dwija Pawiyatan Menengah Pertama Negeri 47 Semarang.
Pakurmatan ugi
katur dhumateng sedaya Bapak Ibu tiyang sepuh, wali siswa Pawiyatan Menengah
Negeri 47 Semarang.
Sedaya sederek
sepuluh kelas IX ingkang kula tresnani.
Kanca kelas
VII tuwin VIII ingkang kula tresnani.
C.
Minangka titahing Gusti Allah Ingkang Mahagesang, sumangga
panjenengan sedaya kula dherekaken muji sukur dhateng Allah ingkang sampun
paring rahmat,taufik sarta hidayah,pramila ing siyang punika kula tuwin
panjenengan sedaya saged makempal saperlu mahargya pepisahan kelas IX
siswa-siswi Pawiyatan Menengah Pertama 47 Semarang.
D. Boten kesupen kula
ngaturaken panuwun ingkang kathah dhateng kadang pranata acara, ingkang sampun
paring. Kalodhangan dhateng kula saperlu matur wonten ngarsa panjenengan
sedaya.
E.
Saderengipun nyadong pangaksama ingkang kathah awit kula
sampun kumawantun nyela atur anggen panjenengan sami sakeca ngedikan,awrat
ngemban dhawuhipun kanca-kanca kelas IX badhe matur pamit.
F.
Boten kraos kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun
anggen kula sami sinau ing pawiyatan punika, ateges anggen kula sinau ugi
sampun rampung. Manawai nuruti pangraos kula sakanca taksih krasan lan remen
dipunwucal Bapak Ibu Dwija, nanging panjangka kula sedaya dereng paja-paja
rampung pramila purun boten purun kula kedah murnani.
G. Kula sakanca ngaturaken panuwun imgkang tanpa
pepindhan dhateng Bapa tuwin Ibu Dwija ingkang sampun paring
piwucal,tuntunan,pitutur kanthi sabar lan tlatos. Mugi-mugi kawruh lan kesaenan
kasebat dadosa amal saleh, pikantuk pinwales saking Gusti Allah. Dene, kula
sakanca among saged memuji mugi-mugi Bapak Ibu Dwija tansah pinayungan
kawilujengan,bagas waeas,lancer rejekinipun. Panuwun ugi katur dhateng Bapak
Ibu tata usaha, lan sedaya ingkang sampun nglancaraken pasinaon kula ngantos
paripurna.
H. Kula sakanca ugi ngrumaosi
salebeting sinau ing pawiyatan ngriki kathah tindak tanduk ingkang boten mranani
ing penggalih, kula nyuwun pangapunten ingkang kathah.
I.
Mugi-mugi kula sedaya saged lulus kanthi biji ingkang sae lan
pikantuk sekolah ingkang jumbuh kaliyan pilihan kula sedaya.
J.
Kangge adhik-adhik kelas VII tuwin VIII mugi-mugi saged
langkung sae, lan benjingipun saged nggayuh biji ingkang langkung sae.
K.
Makaten atur kula,bokbilih wonten kalepatan atur kula nyuwun
pangaksami.
L.
Mugi rahayua ingkang sami pinanggih,widada kali sing rubeda.
Matur nuwun,
wilujeng siyang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar